AYOTEGAL.COM - Idep apa Mane' maksa Bujang nyusul Peni tekan Bojong. Gegara nylonong gon acara Pemeran Lukisan Dewekan Marni nang Taman Kota. Ora kon mampir malah Bujang ngomong ngablu. Ndadekna Peni ngacir lunga bying ora pamitan.
Ora nunggu sampe' telung dina nang dina kaping loro langsung maring Bojong. Ning bisa njaluk ngapura aja kesuwen kesusu anta. Syukur Peni gelem dijak maring umah.
" Kowen teka mana kudu ketemu Peni njaluk ngapura. Syukur Peni gelem melu karo Manene' sisan ora papa".
" mbuh pimen carane' kowen kudu ngejak Peni mene. Ngomong bae' Mane kangen. Aja kosih ora. Kono jare penyair kudu pinter ngrayu. Wis mana mangkat," pesen Mane' nalika Bujang siap-siap mangkat.
Baca Juga: Tradisi Pedang Pora Sambut Kedatangan Kapolres Tegal Kota AKBP Jaka Wahyudi
Wayah jam wolu esuk Bujang wis tekan Bojong. Ora nyana bocahe laka. Jare Manene' esuk-esuk diampiri kanca-kanca jaman sekolah. Bonceng-boncengan wong papat maring Guci. Ora sadar Bujang cekelan Endas. Nembe kemutan ning dina kiye' dina Sabtu.
Ya,milih dinane' beleh pas. Asal mangkat bae gegara Mane' kon sagseg. Akehe' wong kene milih dina Sabtu adus-adusan nang Guci. Ana sing milih dina Jemuah. Uga ana sing percaya malem Jemuah. Jare ben olih berkah. Bener mbuh beleh Bujang ora paham. Tau takon Peni jawabe' ora ngarti.
Akhire Bujang keder dewek. Nerusna maring Guci golet Peni durung karuan ketemu. Kejaba kuwe nganggo apa mana ? Bisa-bisa kesasar sasar ora genah. Iya ari Peni trima bombongan. Ning ora bati lara ati. Alamat misi Mane' burak rantak.
Najan tumpakan kanggo mana ora kurang-kurang. Dudu ukara tumpakan tapine' bab Peni gelem ketemu ora ? Bujang esih mangmang wong rumangsa salah. Tolih ndean ora nyaman wong bocahe' lagi her-heran karo kanca batire. Menko omong-omongane' ora bebas.
Ari milih balik sing katon raine' Mane'. Ngartine' dikongkon mentah alias nol laka kasile'. Rai Mane ari culag kayadene' pirang-pirang dina ora adus : medeni sung. Bujang wis paham wateke' mbayangna kamigila.
Baca Juga: AKBP Yovan Fatika Jabat Kapolres Pemalang, 2 Kali Terima Estafet dari AKBP Ari Wibowo
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tilik
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ngatoni
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ora Nguja
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ulang Taun
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kecrek Dewek
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kepikiran