CERITA TEGALAN AKHIR PEKAN, Peni olih Pulkam

- Minggu, 24 April 2022 | 21:13 WIB
Mohammad Ayyub (dok)
Mohammad Ayyub (dok)

AYOTEGAL.COM - Dudu ukara olih ijin seka Mane' Peni pulang kampung (pulkam). Tapine' sebab seki aturane' ngolihi. Sapa bae olih pulkam asal vaksin ping telu.

Pancen sih jare vaksin monine' cukup ping loro gel ! Tapine' fakta nyatane' nang lapangan sejen.Kayadene' ngurus akte kematian pada bae kudu vaksin ping telu.

Seki modele' serba vaksin ping telu kasebute' vaksin boster. Crita mbiyen sih vaksin boster kusus kanggo nakes atawa tenaga kesehatan. Wayah mene kena kabeh nganggo ilmu kudu. Ning ora ? aja ngarep-ngarep urusan beres kabeh. Nggawe ktp,kk,sim lan liyane' bakal mentok.

Baca Juga: Usai Sholat Tarawih, Jamaah Masjid di Tegal Ini Donor Darah

Gegara olih BLT maksude' Bantuan Langsung Tunai Peni kudu vaksin pisan maning.Senajan deweke' wis vaksin pingdo tetep ora kanggo. Kudu ping telu ning pengin BLT cair.Pikire' deweke' ora papa wis sapa weruh mbokan nggo mepeki sarat Pulkam.

Sebab sakrungune' Peni asal wis vaksin boster balik kampung cerem. Laka sarat liyane'.Ari nembe ping loro kudu tes pece'er sebage sarat tambahan balik kampung.Arane' mumpung ana dalane' pan olih BLT sisan bae vaksin sepisan maning.Nurut bae apa jare sing kuasa.

Jare' deweke' kapan maning pulkam ning ora seki. Wis rong taun ora bisa balik kampung gegara Corona. Ana sarat sing nang deweke' kayong makha-makha jorna bae. Bisa bae ' maksude' model paksa ula maring masyarakat sing lagi butuh. Ning ora kaya kuwe ndean ora pragat-pragat tugase' Pemrentah.

Sebenere' kanggo masyarakat uga apik utamane' sing sokan lunga. Sering lunga dudu bab byang-bying ora genah. Sebabe' urusan kasab,urusan telih kluarga. Termasuk kaya Peni sing taun kiye' pengin pulkam nduwe vaksin boster nggawe ayem. Urusan admistrasi deweke kapan perlu dadi ora repot. Ya.. pimen maning wong lagi jamane' vaksin.

Baca Juga: Peringati Harlah Ke 88, GP Ansor Grobog Wetan Tegal Santuni Anak Yatim dan Dhuafa

Ana suara-suara nang wayah Corona jare Pejabate' tambah sugih. Kolon luruh cuan sawetara rakyate' kapiran. Megap-megap golet upa. Kanggo Peni pan beleh nemen. Dosane' ditanggung dewek-dewek. Basa kerene' resiko ditanggung wong sing numpak. Numpak becak mbuh dokar..ehm.Peni mesem dewek.

Tapine' yakuwe' pisan kala vaksin boster jenise' sejen. Peni mbiyen vaksin pingdo nganggo Astra Zeneca seki barange' laka gantine' arane' Pfizer. Jare wis ora metu maning. Nganggo vaksin sejen arane' asing gon kuping Peni.

"Mba ,ndisit vaksine' Astra Zeneca ya ?",pitakone' petugas vaksin.
" bener mba," jawabe' Peni.
" kiye vaksine' sejen mba. Tapine' ora papa. Ora ngaruh." petugas vaksin ngomong maning. Peni rada ragu.
" bener mba ora ngaruh ?",Peni balik takon.
" sung ora papa mba. Ndisit wayah vaksin pingdo laka keluhan kan ?". Peni mantuk.
" Ari mengko.ana keluhan gagian maring Puskesmas."Nasehate' petugas vaksin maring Peni.

Rampung divaksin Peni ora krasa apa-apa. Pada bae kaya waktu vaksin ping siji lan ping loro ora lara. Laka apa-apa alias normal-normal bae. Kur bar nginep sedina pas tangi turu tangan kiwane' krasa pegel. Utamane' nang bekas suntikan vaksin. Peni semadan kuwatir mbokan ana apa-apa ? Aja-aja ora sida pulkam gara-gara vaksin boster ?

Peni bisane' mung ndonga. Moga-moga sedina rong dina kiye pegele' ilang. Idep-idep apa saking pengine' pulkam lon-lon tangane' sering dioyag-oyagna. Najan esih krasa lara secuil mbuhapa terus dioyag-oyagna menduwur-mengisor. Karepe' yen pulkam wis laka alangan. Tangane' ora krasa pegel maning.

Baca Juga: Polres Pemalang Tetapkan 5 Tersangka Pengeroyokan di Banjardawa yang Tewaskan Satu Pemuda

Halaman:

Editor: Dwi ariadi

Tags

Artikel Terkait

Terkini

CERITA TEGALAN, Mlongo

Senin, 10 April 2023 | 02:00 WIB

CERITA TEGALAN, Puasa nang Kampung

Minggu, 2 April 2023 | 16:06 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Khol Chadad 2

Minggu, 26 Maret 2023 | 15:03 WIB

CERITA TEGALAN, Rujak Teplak

Minggu, 5 Maret 2023 | 21:21 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ngarang

Minggu, 26 Februari 2023 | 16:03 WIB

KAMUS BAHASA TEGAL, 20 Kosakata Awalan S, Apa Arti Satru

Minggu, 19 Februari 2023 | 17:19 WIB

CERITA TEGALAN, Temon Ora Nguja

Minggu, 12 Februari 2023 | 21:19 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kangen Gerel

Minggu, 5 Februari 2023 | 17:48 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Aliran Anyar

Minggu, 29 Januari 2023 | 17:01 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tekan Bojong

Minggu, 22 Januari 2023 | 15:13 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kepikiran

Minggu, 8 Januari 2023 | 16:51 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kecrek Dewek

Minggu, 25 Desember 2022 | 15:27 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ulang Taun

Minggu, 18 Desember 2022 | 15:53 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ora Nguja

Minggu, 11 Desember 2022 | 16:41 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ngatoni

Minggu, 4 Desember 2022 | 19:23 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tilik

Minggu, 27 November 2022 | 17:50 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sinoman

Minggu, 20 November 2022 | 14:17 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Adat

Minggu, 13 November 2022 | 17:22 WIB
X