AYOTEGAL.COM - Peni uga ngrasakna didemeni Marwoto. Wayah bocahan jaman sekolahan Esempe.Bocah wadon sapa len ora sir ketemu bocah bagus. Sampe' anjoge' didemeni sapa sing pan kolu nolak ? Orabada Peni ora bisa nolak ditaksir Marwoto.
Sebab, deweke' uga ana sir ya gatuk.Bocah sing bagus dewek nang kelase', malah kabare' sesekolahan laka lawan. Pantes bae kegawa wateke' nganti seki. Rumangsa wong paling bagus dewek kabeh wong wadon karepe' didemeni,kejaba Peni.
Nang kene' kyeh Marwoto kena tulahe' dewek. Ndean pikire' ,ndisit pernah tau gatuk dadi langsung tembak bae gen gelem. Pengrasane' wong bocah egin dewekan tolih Manene' pengine' age-age Peni mbojo. Kayadene' kejedor watu gede Marwoto akhire' sadar Peni seki dudu bocah mbiyen.
Baca Juga: 6 Kuliner Khas Tegal yang Punya Nama Unik dan Legendaris, Mulai Rujak Teplak hingga Glotak
Urip suwe gon kota ndadekna pikiran deweke' tambah jembar. Kota menei pengalaman urip maring deweke' ketemu pirang-pirang watek menungsa.
Peni sangsaya mateng pribadine' dijojrot penguripan nang kota. Kota sing kasebute' kayadene' Melting Pot yakuwe pribasan Kwali tempat kumpule' uwong seka ngdi paran karo isi endase' sing macem-macem wateke'. Gadi deweke' tambah paham siji turut siji watek menungsa sing becik lan sing ala.Ana sing jujur blakasuta ana modele' apen-apen apik jebul tukang apus.Pendeke',Peni paham macem-macem polah menungsa.
Sejen maning critane' kanca-kancane' Bujang sing akehe' Seniman. Bujang kuwe anake' Mane' majikane' Peni. Rata-rata uwonge' jujur apa anane'. Mulane' deweke' kesengsem kamben kang Tabib yakuwe sebab bab blakasutane'. Tampilane' ora digawe-gawe,ngomong uga seanane' zong umbruse'. Tolih sing penting pinter nggawe puisi ndadekna deweke' tambah kesengsem. Pengrasa ati sing garing dumakrasane' kayong dadi teles,adem.
Selugune' kanggo Peni ora patia mikir dunya misal kudu sugih,nduwe pangkat lan liyane'. Asal gelem remojong anteb-enteng disangga bareng. Barang anteb direwangi barang enteng dijunjung wong loroan.Bagus-ayu umure' sedelat menko gen bosen. Mung ajibe' karo kang Tabib Peni ora tau ketemu bosen. Pancen nyengiti ari suwe ora katon laka kabar babar blas. Tapine' angger ketemu ndadak dugale' ilang,nyawange' ora bosen-bosen. Pengine' aja pisahan maning,lengket terus kaya prangko.
Baca Juga: INFO Haji, Kemenag Kabupaten Tegal Berangkatkan 508 Calhaj Mulai 18 Juni 2022
Nang kene Marwoto durung ngarti yen Peni wis nduwe gerel.Apa maning Marwoto Manene' dewek kosih seki durung dinei ngarti. Sebabe' esih gerelan durung ana suara kang Tabib arep nglamar.Senajan Manene' sering takon Peni njawabe' dipur mesem. Sawetara deweke' pengin nikmati apa anane.
"Apa anjoge' menko," pikire'. Ora pan maksa-maksa kang Tabib.Dilakoni bae sak-emohe karo bareng dijaga,dirawat men ngraket.Nggatol kenceng ora kosih pedot..ehm.." Peni mesem dewek.
Nang pengangene' Peni Marwoto wis dudu urusane'. Mbiyen tau ana sir pancen bener tapine' wis dadi urusan mbiyen. Seki madep mantep ,ajeg beleh pan oyag maring kang Tabib. Monia ana angin gede sepirakha ora bakal oyag. Anane' Marwoto ujug-ujug nongol nang penguripane' anggep bae semriwinge' angin. Idep lewat ngademi sedelat bar kuwe bablas ilang.
Seki jare Marwoto kondang kaonang olih julukan menungsa Batuk Klimis ben bae pan pora. Ning kanca-batire' mbiyen wis ora eram. Sedurunge' kondang nang njaba kanca batire' ndisit korban lelaku Marwoto sing ora sebaene'. Peni sijine' batir sing bisa ngerem lelakune' najan ora njamin bisa ilang.Setitike' bisa nggawe Marwoto mikir pingdo. Ari pan clutak aja maring kancane' dewek. Mana seminggah sing adoh aja katon mata.
Kuwe' omongane' kanca-batire sing sering kanda maring Peni.Pancen bener lelaku sing ora sebaene' kudune' aja ngorbana kanca-batir dewek. Mbok maring wong liya aja nganti kanca-batire' krungu. Tapine' kanda wong tukmis pancen ora bisa milah-milih.Asal weruh wong wadon rada melong sitik alias ayu menis-menis karepe' diincer sampe' kena. Ora ndeleng kanca-batire' dewek apa wong sejen. Ndean sebabe' kanca-batire' wis kenal sit dadi luwih gampang dipereki tinimbang wong sejen.
Peni krungu jare Marwoto tambah ngedan.Lelakune sangsaya mblandrang sawise lamarane' ditolak Peni.Apa sebab kesinggung omongane' deweke' atawa rumangsa egin ana wong wadon sing gelem ? Mbuh bae'. Padahal maksude' Peni arane' kanca-batir bareng ngelingna. Deweke' kemutan wayah sore ketemu Marwoto ora sengaja. Dilalah Peni dikon ngganti Mane' jaga kios sampe' sore'. Mbuh Marwoto nguja maring kios ngadang deweke' balik Peni ora ngarti.
Baca Juga: Bertemu dengan Ganjar, Cargill Siap Bantu Penanganan Covid-19 Percepat Vaksinasi Lansia dan Anak
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sawalan
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ungsum Reuni
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Wong Sugih Gemerah Bae'
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Batuk Klimis (1)