CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sawangan Batin

- Sabtu, 2 Juli 2022 | 16:20 WIB
Mohammad Ayyub (dok)
Mohammad Ayyub (dok)

AYOTEGAL.COM - Ning wong tuwa kanda sawangan batin akehe' cespleng. Maksude' akeh benere' ketimbang mleset. Senajan ora mlebu utek sebab ora katon mata. Tapine' bisa dirasakan nang batin. Mulane' kasebut lair sebab barang sing katon sewalike' batin barang ora katon.

Sebenere' sapa bae bisa ora wong tuwa, bocah enom. Mung ning wong tuwa ndean wis akeh mangan uyah dadi sawangan batin luwih tokcer. Apa maning golongan Mane' biasane' luwih mandi. Tembung mandi pada bae jos alias tokcer. Mulane' ana ujaran ridhone' Pengeran apa jare ridhone' Mane'.

Kayadene' Mane' nyawang bocah loro. Bujang anake' dewek karo Peni sing dadi rewange'. Asline' bocah loro pada demene' kur ora wani dikatokena. Esih pada isine'. Bocah lanang meneng-meneng plirak-plirik orabada sing wadon.
Ari laka bocahe' nggoleti tapi ning ditakoni urusan apa ndadak mingkem.

Baca Juga: KULINER KHAS TEGAL, Resep Praktis Masak Nasi Lengko yang Enak, Bisa Bikin Sendiri di Rumah

Kaya wong tuwa tah wis paham lelakune' bocah. Kayong pan saben dina mergoki kelakuan bocah loro. Mung bae kanggo Mane' pengin nonton ndisit. Sampeken pada wani ngomong dewek beleh ? Lugune' ndeleng basa awak wis kewaca asline' pada sire'. Bocah loro ya ngarti nemen kur pada apen-apen.

Kudune' bocah lanang sit sing wani miwiti ngomong. Ari bocah wadon sifate' nunggu najan ana sing wani miwiti tapine' jarang. Sebabe' ora pantes dianggepe' pamali. Pribasan kayong laka regane' kaya barang ketengan. Melune' apa jare kebiasaan nang masyarakat sing jenenge' tata krama atawa adab.

Tapine' nganti sependak tekan wulanan durung katon tanda-tanda acan. Ari kanda ngomong luget bocah loro tah sering. Kadang karo sawang-sawangan sedelat mboran bar kuwe ngguyu bareng. Ora wani nyrempet omongan demen-demenan. Ning arep mere'k omongan mono ndadak ganti omongan.

Ora sranta maning ndeleng kaya kuwe Mane' juwet. Anak lanang ndadak mlepes kaya krupuk kesiram banyu.

Baca Juga: Jadwal Film Bioskop CGV Transmart Tegal Akhir Pekan, Sabtu 2 Juli 2022

" Bocah lanang ka kemayu. Kari ngomong demen ora wani. Mumpung loroan nunggu apa maning", Mane' ngromed dewek rada ewoh. Deweke' dadi kemutan kang Marto. Bisane' trenggele' ora nurun maring anak kur siji-sijine'. Tembung trenggel maksude' asal bat-bet waninan mbok salah urusan keri.

Apa nyong salah ndidik bocah ya ?",pikire. Pancen sih serba ana ora kosih kapiran. Duit ora kurang,urusan apa bae wis ana sing ngladeni. Tapine....
mbok deg ! Mane' nembe nyadari ngurus bocah ora cukup duit karo pasrah bongkokan maring rewang. Uga ora cukup sekolah apa jare gurune'.

Nang kene Mane' krasa ana sing kurang yakuwe' kurang perhatian. Sing cukup nembe urusan lair batine' ora kopen. Selama kiye' Mane' nguplek golet upa klalen urusan bocah. Mulane' seki ngrasakena kasile'. Bujang,bocah lanange' kurang trenggel anjoge' sering mangmang. Egin mending balane' kanca-kanca penyair bisa kekancanan sapa bae.

Tapine' soal wani kanggo awake' dewek durung katon blas.Ngomong soal macem-macem karo wong wadon sapa bae sih bisanan malah kosih luget. Tibane' ngomong seneng,demen ndadak begu,lambene' seret.

"Bocah cap apa donge',"pikir Mane.
" Apa maning kur maring rewange' dewek....", ujug-ujug Mane' nampek cangkeme' dewek.
" Subhanallah...emut..emut..rewang mbuh apa calon mantune' ohw." Mane' mbatin dewek.

" Modele' dijorogena apa ?",Mane' nduwe pengangen- angen. Ora suwe mesem dewek. Kayonge' nduwe cara cespleng nang pikirane'. Apa kuwe ?
Mung Mane' dewek sing ngarti.

Dina kuwe Mane' ngongkon Bujang jaga kios nang pasar. Jare Mane' arep kondangan sit nang Juragan gedang. Mung Peni ora dinei ngerti yen sing jaga kios anak lanange'. Kaya biasa saben esuk Peni ngateri jatah sarapan Mane'. Asline' tah Mane' laka acara kondangan,deweke' ngumpet nang panggonan yu Siwen,bakul pecel langganan.

Halaman:

Editor: Dwi ariadi

Tags

Artikel Terkait

Terkini

CERITA TEGALAN, Mlongo

Senin, 10 April 2023 | 02:00 WIB

CERITA TEGALAN, Puasa nang Kampung

Minggu, 2 April 2023 | 16:06 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Khol Chadad 2

Minggu, 26 Maret 2023 | 15:03 WIB

CERITA TEGALAN, Rujak Teplak

Minggu, 5 Maret 2023 | 21:21 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ngarang

Minggu, 26 Februari 2023 | 16:03 WIB

KAMUS BAHASA TEGAL, 20 Kosakata Awalan S, Apa Arti Satru

Minggu, 19 Februari 2023 | 17:19 WIB

CERITA TEGALAN, Temon Ora Nguja

Minggu, 12 Februari 2023 | 21:19 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kangen Gerel

Minggu, 5 Februari 2023 | 17:48 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Aliran Anyar

Minggu, 29 Januari 2023 | 17:01 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tekan Bojong

Minggu, 22 Januari 2023 | 15:13 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kepikiran

Minggu, 8 Januari 2023 | 16:51 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Kecrek Dewek

Minggu, 25 Desember 2022 | 15:27 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ulang Taun

Minggu, 18 Desember 2022 | 15:53 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ora Nguja

Minggu, 11 Desember 2022 | 16:41 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ngatoni

Minggu, 4 Desember 2022 | 19:23 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tilik

Minggu, 27 November 2022 | 17:50 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sinoman

Minggu, 20 November 2022 | 14:17 WIB

CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Adat

Minggu, 13 November 2022 | 17:22 WIB
X