AYOTEGAL.COM - Wayah jam enem esuk Mane' karo Bujang wis siap-siap. Niate' pan tilik maring umah rewange' nang Bojong. Sisan tilik Manene' wong jare Mane' wis lawas ora ketemu. Ora kur kangen uwonge' uga kangen suasana desa. Seki akeh robah apa beleh ? Latar ngarep umah esih ana wit Sawo apa wis ditegor ?," Mane' mbatin.
Dilawongi bar Subuhan adus trus sarapan. Ora keri nģgawa olih-olih Dukuh karo Salak. Jajan buah kesenengane' Manene' Peni. Mbengi nguja maring Alun-alun dianter Bujang mborong. Ora tanggung-tanggung Mane' tuku rong kilonan. Pikire' Mane' men tangga teparo Manene' rasan kabeh.
Jare Mane' ora sebaene' medayoh maring dusun ora nggawa olih-olih. Kayong ora ilok alias pamali.Tolih kuwe melune' prentah agama arane' nyenengena sedulur najan rewang mung wis dianggep brayah dewek.Nyenengena sedulur kuwe pahalane' gede. Uga nyenengena tamu sing medayoh maring umah.
Ora krasa jam pitu punjul wis anjog Bojong. Numpake' bis tuyul. Kebeneran Mane' lan Bujang pas numpak sing numpak wis akeh dadi bis langsung jalan. Ora keke'en mandeg kejaba sing arep mudun. Dilalah sing pada mudun jarake' adoh-adoh ora kosih rong jam bis wis mlebu terminal Bojong.
Mane' kegawa turu nalika bis nembe jalan. Ngertine' sekliyepan tok wis tekan Bojong. Sawètara Bujang dolanan hape kayong krasa adoh. Bokonge' nganti bengel njagong terus ora bisa tangi. Pan tangi pimen wong endase' Mane' nangkring nang pangkon. Melune' dobel bengel. Njagong ora bisa ngroget ketambahan ketindihan endase' Mane'.
Seka Terminal wong loro numpak becak maring umah Manene' Peni. Seliyane' wit Sawo wis laka umah katon sepi. Tanda-tandane' kayong laka wong. Sepi nyenyet kaya pejaratan. Tapine pagere' ora digembok. Bujang mbuka lawang pager karo uluk salam.
"Assalamu'alaikum.....permisi....". Bujang durung tekan lawang umah ana suara njawab seka mburi.
" Wa'alaikum salam ..." jebul Manene'. Deweke nembe bae' blanja gon pasar. Rada mlaku cepet-cepet karo ngggawa tas blanja karep nemoni tamune'.
" Eh ! yu Sri karo den Bujang...ayo mlebu-mlebu ". Manene' nawani Mane' karo Bujang mlebu umah. Sedurunge' maring mburi Manene' mujar,
" Nginung apa kiye yu...aden ?"
" tapi ngapurane' Penine' laka yu.."
Baca Juga: Antusias, Siswa KBIT Talang Tegal Ikuti Orienteering di Terowongan Jalan Tol
"Dheg!",ati Mane' krasa ora enak sing dikarepi malah laka uwonge'.
" Maring ndi yah ?" Mane' mbatin. Tapine' akhire' Mane' nyuara,
" Aja repot-repot yu seanane' bae ". Pan takon Peni kesusu Manene' maring mburi.
" Menko wis adong njagong junun takone' bisa luwih ceta",pikir Mane'.
Ora suwe Manene' metu nggawa wedang teh manis panas. Batire' Bodin karo Tela godog esih kebul-kebul. Ndeleng kuwe' Bujang wis ngiler. Lambene' ngecap- ngecap tanda wis ora tahan maning. Tapine' apen-apen dolanan hape' selugune' nunggu aba-aba.
" Wis yu...den...wedange' dinung mumpung esih panas karo pacetane'. Nembe dintas seka dandang esih panas. Miki nguja nggodog sedurunge' maring pasar men balike' wis mateng." Manene' nawani nyambi crita.
" Ayo yu...den..cicipi...maklum pacetan wong gunung", pisan maning Manene' nawani.
" kiyeh likuh sing tak enteni kit mau. Musuhe' nyong mumpung wis ana aba-aba", pikir Bujang gon ati. Sakale' ngomong tapine' matane' pendirangan. Ilate' wis molai ngeces,wis ora tahan.
" Iya ne'...kalem...nunggu adem ".Bujang biasa ngundang Manene' uga ne' kaya maring mboke' dewek.
Mane' wis paham gayane' Bujang kur nglirik tok. Wong paham suguhane' Manene' kuwe' demenane' anak lanange'.Coba bae' sedelat bae tatas-tas.Tapine' mbuh kiye' lagi medayoh apa kaya adong nang umah ? Apa nduwe isin atawa ngedan wong dasare' seniman maen hampad bae'. Kuwe sing nggawe Mane' ora seneng maring lelaku siji kiye'.
Sawise ngobrol ngalor-ngidul sampe' wong telu cekakakan. Ana bae' crita sing nggawe lucu mbuh kuwe seka Mane' apa Manene' Peni. Bujang mung nguping wong loro crita adong melu ngguyu berarti critane' nyambung karo deweke'. Kadang kur nyengir kadang melu cekakakan.
Akhire' Mane' ora tahan maning ukara sing wis ditahan wit mau. Ora liya bab rewange laka tolih maring ndi.
" Ngapurane' yu..mau ngomongi Peni laka trus bocahe' maring ndi...lunga karo brayah seka Mesir ?" Mane' takon. Manene' rada kaget sebab ngertine' Mane' wis ngerti seorane' dipoyani. Masa sih Peni ora poyan ?",pikire.
"Yu ?!", Mane' nunggu jawaban.
" Lha sampeyan ora ngerti...ora dipoyani ?" Manene' balik takon. Mane' luwih kaget.
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sawangan Batin
CERITA Tegalan Akhir Pekan, Bada Kaji
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Keder Dewek
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ketemahan
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Mane' Kelangan