Siji anak majikan sijine' Penyair jago nggawe puisi. Kebukten puisine' nggawe Peni klepek-klepek,nggawe ati bungah nemen-nemen. Suwe laka kabar kang Tabib ndadekna deweke' tiba anteb maring Bujang. Pengrasa wis kaya kakang jebul ana rasa sir kaya wong lanang-wadon pada demene'.
Peni nembe krasa ninggal Mane' ora pamit nyesele' poret. Ana rumangsa salah sebab dudu lelaku deweke' sing Mane' kenal. Ya,biasa nyekel omongan uga janji ora tau sengso lan soal waktu sing ora baen-baen. Telung ukara sing Mane' paham ana nang awake' Peni. Ko seki dirusak dewek ? Kolu-kolune' Mane' ora dipoyani ? Ora usah mikiri Bujang ! Wong tuwa kur kanggo dolanan tur wis nganggep anake' dewek ? Pan kelah gegara sepupune' ?
Pitakon-pitakonan kuwe nungjleb gon ati Peni. Rasa salahe' sangsaya nambah- nambah. Ko bisane' gelem bae digawa sepupune' lunga sonder poyan Mane' ? Bisalah poyan ndisit ngomong apikan karo Mane' mesti olihe'. Bisane' waktu samana nurut bae kaya pucung kayong dudu hawane' dewek ! Ya,enyong pancen salah ! Enyong bisa katon bodo lido ! Duh, Gusti njaluk ngapura nyong ngaku salah Gusti..."!
Baca Juga: BNI Buka Suara soal Wacana Kolaborasi dengan BTN
Rasa nyesele' seporet-poret. Laka udan laka bledeg weruh-weruh Peni mrebes mili. Lon-lon banyu matane' ndlewer nang pipi netes siji-siji gon klambine'. Apa sing dirasa tumplek blek nang banyu mata sampe tatas. Matane' bengkak tapine gon ati nongol niat. Niat sing ora bisa disidem kayadene' geni murub molai mulad-mulad.Tekade' gemladag !.
" Nyong kudu balik ! pokoke' kudu ! laka nyang-nyangan maning. ngesuk balik !"
Bar esuke' ganti supupune' sing keder. Ndeleng matane' Peni bisa kamigila nemen. Wis-wis cilaka mencit ora bisa dioyag.
" Edan ah kowen ! edan sung !" mung suara kuwe sing metu seka cangkem sepupune'
" Pan edan pan gendeng ra urus !",batin Peni.***
Artikel Terkait
CERITA Tegalan Akhir Pekan, Bada Kaji
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Keder Dewek
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ketemahan
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Mane' Kelangan
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tilik Manene