AYOTEGAL.COM - Rumangsa wis dianggep nduwe gerel maning Mane' ora sabar pengin ngerti Rika kuwe sapa. Balik lunga adoh olih gerel kanyaran bungahe' Mane' poret. Mulane' dilawani ora maring pasar sit pengin ngerti sebener-benere'. Pengin njagongena anak lanange' pan takon semareme'.
Sebage' wong tuwa pengin age-age anak lanange' nduwe bojo. Mumpung deweke' esih sehat lan egin dinei umur dawa menangi anake' wis bujang kaplak. Pan kapan maning ning ora seki susu umure' anjog. Ya,kudu diplengena sedina mboran ning ora seki pan kapan maning.
Bujang dewek wis krasa yen dina kiye bakal ana udaran seka Mane'. Seorane' ndeleng glagat Mane' sakale' wis padang jimbrang esih betah nang umah. Ari biasane' wayah yamene' wis laka abane'. Kweh ya ngandel apa sing dirasa Bujang bukti kedaden. Ora suwe Mane' ngundang deweke'.
Baca Juga: Mudahnya Cari Modal Usaha saat Pensiun lewat bjb KPPB DiSayang
" Jang mene sih sedelat ". Bujang gelem ora gelem kudu nekani Mane' sing lagi njagong anteng nang adepane' tipi. Karo matane' esih nyawang tipi nonton brita Mane' ngucap,
" kono njagong. Mane' pengin ngobrol mumpung egin esuk." Sebenere Bujang pan takon Mane' ora maring pasar tapine' cuma nang gulu ora kosih metu.
" iya Ne' ", jawabe' .Apa sing ditebak Bujang ketemahan ora liya Mane' takon Rika. Bocah wadon ayu pisan sing durung suwe kenalan. Kenale' gegara Festifal sastra Teluk Rantau. Selugune' deweke' uga durung patia paham sapa Rika. Bocahe' anake' sapa ? Esih dewekan ? Wis nyambet gawe apa durung ?
Pribasan nembe kenal kulite' durung sampe' njero-njero nemen. Arane kenal kanyaran. Pancen uwonge' enak kanggo ngobrol sakale' nembe ketemu tapine' bisa sekal rahat ngobrol gayeng. Ukara deweke' ana sir pancen ora bisa diapusi. Mbuh sebab ditinggal Peni apa ati lagi zonk trus ketemu Rika gon ati krasa adem. Kayadene' botol ketemu tutup pada-pada zonke'.
Baca Juga: Peringati HSN 2022, Bupati Tegal Ingatkan Tugas dan Peran Santri
Mane' egin ngomong maning.
" Mbokan kowen seneng tolih cocog wis aja kesuwen bocah kuwe diuber sampe' kecandak...oh y...sapa arane' Jang ?"
" Rika,Ne'." semaure Bujang.
" Aran dawane' sapa ?"
" mbuh.". Pancen durung sampe' tekan kono. Isin. Nembe kenal anyar. Bujang durung wani takon njero-njero. Mripil siji turut siji seka a sampe' zet esih durung wani. Nang pikir deweke' lon-lon sit aja kesusu. Sing penting sampe' seki kontak-kontakan esih nyambung ora pedot.
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ketemu Maning (1)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ketemu Maning (2)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (1)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (2)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (3-Tamat)