AYOTEGAL.COM - Gegara Mane' takon Rika sampe pengin temon Bujang dadi kepikiran. Pendak-pendak kiye' sesrawungan karo Rika kayong kerep.Dietung-etung meh sependak sepisan. Kadang kosih sependak pingdo. Bujang nguja dikober-koberna mumpung Rika gelem mbales.
Baba-bara gelem saur-manuk. Maksude' Rika kober njawab saben Bujang kirim wa. Ora kosih jam-jaman langsung njawab.Asline' Bujang ora kepenak wong Rika kuwe dines. Mbokan ngganggu pegaweane' wong deweke' kerja kantoran.
Wong kantoran maksude' bagean njero. Ora ngurusi pelanggan. Kerjane' nguplek ngurusi surat-surat karo administrasi kantor. Ora pere-pere kantorane' kantor bank. Tempat wong ndalah duit. Bisa nyimpen atawa nyilih duit kanggo kasab.
Uga bisa kirim duit sewalike bisa trima duit.
Baca Juga: Baru Dibuka, Objek Wisata Waduk Cacaban Diserbu Ribuan Pengunjung, Akses Jalan Macet
Nang ukuran wong dewek kerja kaya Rika mlebune' pentol. Tempat gawean sing diimpen-impen. Ora wong tuwa ora bocah wayah mene pengine' kerja nang kono. Melune' profesi favorit laka tunggale'. Tur mlebune' ora gampang. Ana kabar ndean kulak jare bener mbuh hoax ?
Ari mlebu mono ora cukup lulus tes gel. Jare kudu ana cut sehaha kanggo lunyu-lunyu men bisa mlebu(?). Pisan maning bener mbuh ora arane' kulak jare adol ndean. Serba peteng ora genah. Pan moni ora nyatane' ana. Moni laka jebul ana buktine'. Pokoke' ana contone mung kari percaya apa beleh balik maring awake' dewek.
Bujang lagi ngrasakena pan sependak Rika laka kabare'. Sawise' ngalih waca puisine' deweke' kosih seprene' durung mbales. Pancen sih wis diwaca tandane' conteng biru. Mung tetep bae' Bujang penasaran.
" Ana apa ya ? lagi repot gawean ? ana tugas kantor ?". Pirang-pirang pitakonan gon atine'.
Luwih serem maning pikiran ngiwa deweke'.
" Apa wis olih gerel ? gerel kanyaran kanca kantor ? apa ?.....aja-aja wis mantenan ? ndadak ndean ? kedesak Mane' ?". Bujang tibane' glasahan dewek.
Njagong gawe puisi ora madep. Mlebu kondong glelengan beleh anteng.
Nyawang menduwur cecek loro oyok-oyokan. Pengrasa deweke' karo Rika. Tapi bisa ora kena. Sing doyok bisa ngepong. Sing eram cecek sing doyok ajibe' bisa mencolot. Bujang eram. Jebul-jebul dadi kemutan maring deweke'
" aja-aja Rika wis digondol wong liya ?....ah !..ah ! Bujang ora wani nerusna omongane' apa maning mbayangena.
Baca Juga: OJK Gelar Bulan Inklusi Keuangan 2022, Bupati Tegal: Entitas Baru Pinjol Ilegal Masih Bermunculan
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Ketemu Maning (2)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (1)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (2)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (3-Tamat)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Pengin Temon