AYOTEGAL.COM - Sapa nyana adat awit jaman bocahan tekan gede kaplak kegawa. Demen nganggo pakean lanang sakale' deweke' wadon. Sampe' kesenengane' be melu-melu bocah lanang. Seneng tuku dolanan pestol-pestolan misale'. Maene' tembak-tembakan batire' lanang kabeh.
Demen olah raga uga pada bae. Olah ragane' bocah lanang. Silat, karate, munggah gunung,munggah tebing lan liyane'. Numpak motore' geleme' motor lanang. Pancen sih seki akeh cah wadon melu olah raga kaya kuwe. Kur kanggo Marni olah raga cah wadon tutug beleh gelem.
Adat kuwe kegawa maring gawean. Bara-bara si Bos ngolihi. Marni olih entengan seka majikane'. Maksude' kusus deweke' olih nganggo clana dawa. Senajan pegawe wadone' kudu nganggo rok ngingsoran sampe dengkul. Duwuran klambi lengen dawa. Warnane' ana putih,ijo trus batik motif kembang.
Baca Juga: Polres Tegal Bentuk Tim Patroli Dini Hari, Fokus Pengamanan Area Perbankan dan Perkantoran
Seliyane kuwe deweke' disenengi Bos sebab akeh kepinterane'. Bisa nglukis,ning nyambet gawe rikat ora lon-lon asal klakon. Mulane' nang kondong si Bos ana kasil lukisane' deweke'. Akehe' menungsa Purba,kewan Segara lan kewan Darat. Ana siji poto si Bos dewekan tapine' mburine ana iwak Hiu jaman kuna.
Sepisan pernah Mboke' digawe dugal gegara Marni clananan wayah umur welasan taun.
" kowen kuwe cah wadon,Mar. Masa nganggo clanaaa ? ora ilok !" Mboke' ngodor. Marni getem laka omonge' kur raine' mrengut ora enak disawang. Dugale' mboke' tambah munjuk.
" dasar bocah sableng kiye' ! karepe' dewek gel ! bocah tiru sapa donge ?. Mboke' ngromed dewek. Marni wis mlencing ora katon congore'.
Wayah arep dinggoni Rok tah meneng tok. Bar kuwe dicopot maning. Saben-saben dinggoni Rok ora suwe mesti ganti. Ndadekena Mboke' ngamuk. Sampe' sandal Mboke' kosih mabur saking juwete'. Untung Marni wis laka. Sebabe' wis niteni adong kaya kuwe Mboke' mesti dugal.
Tau sepisan kena Endase' soale' Marni klalen ora gagian lunga. Bara-bara sandal jepit ora patia lara. Monia mung sandal jepit tetep bae ana larane'.
" Asem ka bisane' nyong ora gagian lunga". Omonge' Marni karo ngusek-ngesuk Endase' sing kena sandal. Gantian Mboke' nggegrek,
" enak ecol ya ?! rasakena kowen. bonggan dituturi ora nurut." Marni kaget jebul Mboke' nang mburine'.
Nang tempat gawean ora adoh-adoh senenge' kumpul karo pegawe lanang. Tapine' aja wani-wani ngomong saru maring deweke'. Kayadene' lanangan bae sisan atawa bocah banci. Lanang durung sakale wadon tapine' kaya cah lanang. Sepisan maning aja wani-wani mbokan diamuk.
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (2)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (3-Tamat)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Pengin Temon
CERITA TEGALAN, Kangen
CERITA TEGALAN, Tetirah