AYOTEGAL.COM - Niate' tilik kanca mriyang nang Rumah Sakit plat abang. Maksude' Rumah Sakit ndeke Pemrentah. Balike' Bujang glendengan dewek wong kancane' dijak ngomong meneng bae'
" wis ora gableg cut, tilik kanca pisan kala ora nyana karcis parkire' ngedan. Wong maring Rumah Sakit kaya maring Mall...kentir beleh ?"
" Lha ning lagi lagis pimen ?"
" kiye' tilik wong mriyang lho...dudu arep blanja ?"
Gegara kabeh diswastakena buntute' sing ora enak. Apa-apa larang kabeh. Sing melasi wis lagi ora nduwe duit tilik wong mriyang tapine' anjoge' ewoh. Pikire ndean bayar parkire murah jebul larang. Ora niliki kanca- batir dewek, barang tilik bayar parkire' kaya blanja nang Swalayan.
Baca Juga: Seru, Ribuan Bikers Yamaha XMax Tumplek Blek di Jogja
Bujang mikir ora kanggo dewek tapine' uga wong liya. Kanca Penyair sing uripe' pas-pasan. Sedina sering mangan mung pingdo. Ning lagi laka kepaksa puasa ari kebeneran dina Senen apa Kemis. Ning wulane' ana puasa youmul bidh telung dina puasa ya dilakoni. Youmul bidh saben tanggal 13,14,15 saben wulane'.
Uga tangga mburi umah gaweane' buruh nyuci pakean ndeke tangga kelebone' Mane'. Bujang weruh semata-mata yen deweke' tilik adine' nang Rumah Sakit balik tilik bingung. Pimen ora keder duit mung-munge' kudu bayar telung ewu. Pengrasa deweke' kur sewu perak wong mlebune' motor butut tinggalan jenat lanange'.
Dilalah kepabagan Bujang nang tempat parkir. Kebeneran deweke' nembe tilik kancane' sing lagi dirawat.
" kenangapa yu, kayong keder ?". Tanggane' ora njawab kur mesem. Bujang paham gagian nylonongi duit maring tanggane'
" makasih, den." Omonge' tanggane' karo pamit. Seliyane' Peni tangga siji kiye sering ngundange' aden.
Bujang sampe' entong uteke'. Bisane' Rumah Sakit Pemrentah melu-melu larang. Maring bab sing paling cilik be gawe' susah wong cilik. Kudune' tah gawe bungah. Apa-apa sing wong cilik prelu digawe' murah kabeh. Utamane' mangan, nyandang,ukara sehat lan sekolah kudune' murah.
Baca Juga: Milad ke 28 Sastra Tegalan, 2 Aliran Baru Warnai Lomba Maca Puisi, Ini Daftar Pemenangnya
Jare negara nglindungi rakyate',wong cilik. Bab remeh parkiran kudune' aja larang-larang. Atawa bisa dibantu kanggo kartu kusus misale'. Wong sing maring Rumah Sakit dudu wong cilik gel.
Ana wong gede,setengah gede,wong sugih,separo sugih lan liyane'. Aja kur ngomonge' adong dipilih bar kuwe klalen.
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Plesir Dewekan (3-Tamat)
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Pengin Temon
CERITA TEGALAN, Kangen
CERITA TEGALAN, Tetirah
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Adat
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sinoman