AYOTEGAL.COM - Sawise nguplek rong dina nang kondong kusus. Luwih tepate' Sanggar Lukis. Marni krasa mbok plong lukisane' wis pragat kabeh. Siji turut siji disawang kasile' lukisane'. Eseme' lon-lon ngembang tanda bungahe' poret. Ora percuma deweke' ngendon sampe' nutup dunya njaba. Kasil lukisane' apik kabeh. Deweke' mesem.
Marem ndeleng lukisan Marni sagseg nutup lawang kondong. Karepe' mbuka dunya njaba sing ditinggal kosih rong dina dur. Mbuka telpon gemriyek panggilan mlebu. Ndeleng wa pirang-pirang ora kepetung. Ora kober kewaca,poto karo pidio bureng kabeh.
Mung erame' nggoleti siji aran ora ketemu-ketemu. Mbokan nang panggilan telpon siji mboran laka babar blas. Siji aran sing wayah mene ngganggu pikirane'. Ari nglukis sedelat klalen sawise' ngatoni. Siji wong lanang nembe kenal durung suwe. Kenale' gegara ana Festifal Sastra Internasional Teluk Rantau.
Baca Juga: Raker Pemuda Tani HKTI Kabupaten Tegal, Bahas Produk Unggulan Pertanian dan Digitalisasi
Ning ndeleng uwonge' kayong beleh pantes kanggo deweke'. Wonge' anteng laka omonge' ning disenggol nembe oyag. Kanca-batir ngarani bocah ngleyang. Maksude' ari mlaku gloyar-gloyor ora nempel lemah. Gluwehan bala-balane' enteng kleyang kaya krupuk. Pribasane' ning mlaku nempel tembelek ora penyet.
Dibanding Marni uwonge' trengginas,angas serba cepet. Dadi kayadene' bumi lan langit alias adoh pisan. Tapine' sing arane' seneng atawa jejodoan pancen aneh bin ajib. Lanange kalem sing wadon cewawakan. Wadone' demen sagseg sing lanang anteran. Jare sing penting anjog. Pancen kuwe rahasia Pengeran.
Adong dipikir wong arane' sepasang kudu trup. Siji ngiwa siji nengen. Ndean ari ngiwa atawa nengen kabeh mblandrang. Ana ples ketemu mines ari mines kabeh bisa koslet. Mulane' pantes bae ari Bujang ngatoni nang Marni. Deweke' uga ora paham seneng maring Bujang apane',ndeleng apane' ?
Genahe' ketemu sepisan wayah sarapan gon resto hotel. Waktu kenalan krasane' biasa bae. Ajibe' bar kuwe dadi pengin temon terus. Mulane' slama acara Festifal njejeri Bujang terus. Nang ndi ana Bujang mesti ana Marni ngancani. Sampe acara lubar esih kontek-kontekan.
Bujang asale' ya asal mbales gel ! Suwe-suwe akhire' lawas.
Kaya Bujang sih seneng bae. Apa maning ari dijejeri Marni atine' adem. Kadang nyawang colongan pancen nggemesi. Bisa ora bosen disawang bolak-balik. Ari gelem mesem dekik pipine' ngatoni. Siji sawangan nang Bujang bisa ora ilang-ilang.
" Edan ah ! nyawang Marni adong kaya kuwe ora mboseni", batine'.
Seki gantian Marni kelangan Bujang. Pungkasan dewek kemutan mbales wa-ne Bujang kur secuil-secuil. Kayong larang nulis mbuh pimen ? Nembe krasa dewek ning lagi karep nglukis urusan liya dijor. Ndean,pikire', Bujang telpon ora diangkat. Wa nan nganti puluhan ora tau dibales. Sepisan mbales seuprit,setembung,rong tembung.
Artikel Terkait
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Pengin Temon
CERITA TEGALAN, Kangen
CERITA TEGALAN, Tetirah
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Adat
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Sinoman
CERITA TEGALAN Akhir Pekan, Tilik